MediaWiki:Movepagetext/jv

From translatewiki.net

Formulir ing ngisor iki bakal ngganti jeneng kaca lan ngalihaké kabèh sajarahé menyang jeneng anyar. Jeneng lawas bakal dadi kaca alihan marang jeneng anyar. Panjenengan bisa ndandani kaca alihan kang otomatis nggayut menyang kaca asliné. Yèn ora, pesthèkaké yèn panjenengan wis mriksa ana-orané kaca alihan dhobel utawa rusak. Panjenengan kudu tanggung jawab mesthèkaké yèn pranalané menyang kaca kang samesthiné.

Éling-élinga yèn kacané ora bakal ingalih yèn jeneng kang kaener wis ana kacané, kajaba isiné kaca alihan kang ora ana sajarah besutané. Iki ateges panjenengan bisa ngganti jeneng kaca bali menyang asliné manawa kaluputan, lan panjenengan ora bisa ngamblegi kaca kang wis ana.

Cathetan: Laku iki bisa dadi owahan kang ora kinira lan gedhé mungguh ing kaca kang misuwur; sumangga pesthèkaké dhisik yèn panjenengan mudheng temahané sadurungé mbacutaké.