MediaWiki:Prefswitch-main/jv

From translatewiki.net
Cuplikan mukantara navigasi anyar Wikipédia (enlarge)
Cuplikan mukantara besut kaca sing baku (enlarge)
Cuplikan kothak dhialog anyar nalika mlebu pranala

Regu Pangalaman Panganggo Yeyasan Wikimédia wis tembayatan karo para sukarilawan ing paguyubané nedya nggawé samurabangé mayar kanggo panjenengan. Awak dhéwé mongkog ngabari yèn ana sawenèh anyar-anyaran, kaya ta cakrik anyar lan fitur besut sing prasaja. Owah-owahan iki pamrihé supaya panyumbang anyar mayar enggoné miwiti, lan adhedhasar uji kapigunan sing diayahi sataun kapungkur punjul. Ngapiki kapigunané proyèk-proyèké awak dhéwé iku sing ditengenaké ing Yeyasan Wikimédia lan awak dhéwé bakal andum pawarta anyar manèh ing tembé mburi. Rerincèn candhaké, mangga pinarak ing blog wikipédia, situs darbèké Wikimédia.

Iki sing awak dhéwé dandani

  • Navigasi: Awak dhéwé wis ngapiki navigasi kanggo maca lan mbesut kaca. Saiki, tab ing ndhuwuré saben kaca sangsaya cetha katoné yèn panjenengan lagi ndeleng kacané utawa kaca parembugané, lan yèn panjenengan lagi maca utawa mbesut kaca.
  • Anyar-anyaran wilah prabot mbesut: Awak dhéwé wis nata wilah prabot supaya mayar dienggo. Saiki, format kaca dadi luwih prasaja lan luwih intuitif.
  • Sidhatan pranala:Prabot sing gampang dienggo iki mayaraké olèhé panjenengan nambah pranala nyang kaca wiki liyané uga pranala nyang situs njaba.
  • Anyar-anyaran gegolèkan: Awak dhéwé wis ngapiki saran gegolèkan supaya panjenengan rikat olèhé nemu kaca sing digolèki.
  • Fitur anyar liyané: Awak dhéwé uga ngenalaké sidhatan tabèl supaya mayar enggoné panjenengan nggawé tabèl lan fitur golèk lan ganti kanggo mbesut kaca kanthi prasaja.
  • Logo Wikipédia: Awak dhéwé wis nganyari logoné awak dhéwé. Wacanen candhaké ing blog Wikimédia.