Bisa Basa Jawa?

Bisa Basa Jawa?

Panjenengan punika saged basa Jawa punapa boten ta? Ngapunten nggih, kula tuwèni, pertalan basa Jawané panjenengan asring klèntu lan kepara basa Indonésia. Bokmanawi panjenengan kasisahan, nyuwuna tulung kula mawon. Mangkih kula réncangi mertal wonten basa Jawi. Nuwun.

NoiX180 (talk)05:13, 7 July 2017

Inang saiki isih kurang. Basa Jawi aku nulis tingkat dhasar mung amarga aku ora warga asli Jawi. Aku mung pengungsi sing manggon ing Kutoarjo. Nuwun.

Arifin.wijaya (talk)16:23, 7 July 2017

Pendatang = wong neneka, dudu pengungsi. :D Nggih, menawa njenengan kangèlan mertal dhateng basa Jawi, kandhani kula mawon. Mangkih kula réncangi mertal wonten basa Jawi. Nanging ampun mertal piyambak 'nggih supados boten katingal waton garapanipun. Nuwun. :)

NoiX180 (talk)04:03, 10 July 2017